Lontong Simbah

Lontong Simbah

Putu : “Gek ngopo sampean mbah? “

Simbah : “ Nggolek godhong gedhang le..”

Putu : “ godhong gedhang gawe opo mbah ?"

Simbah : “gawe bungkus lontong”

Putu : “lontong gawe opo mbah”

Simbah : “ mengko dipangan karo opor”

Putu : “oooo sik mengko.. lha saiki ngopo mbah?

Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”

Putu : “gawe opo mbah? “

Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan mau wis tak kandani leee!?!?!”

Putu : “Lontong digawe opo mbah?”

Simbah : “dipangan karo opor leee, mosok digawe ganjel lawang??“

Putu : “Oh ngono yo mbah”

Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”

Putu : “kenopo mbah? “

Simbah : “kan aku akeh gawean saiki…!!!”

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “ Maasyaa Allaaah....nggolek godhong gedhaaaang lee...!!!”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “digawe lontoooong, ra krungu tho kowe?????!! “

Putu : “Simbah ngomong karo sopo…? “

Simbah :“ Astaghfirullah....karo kowee...tholeee....!!!

Putu : “lha nek karo aku, kenopo simbah bengak bengok? Aku kan nang kene wae”

Simbah : “mripatmu merem tho... !!! Soale kowe bodho… ora ndelok tho aku lagi akeh gawean????!!!! “

Putu : “gawean opo mbah….? “

Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang leee...!! “

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “ lambemu ambrol...… digawe bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!! “

Putu : “Kan nang omah ono sego?, kenopo simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”

Simbah : “putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh, nek perlu ora usah mbalek sak lawase!!!!!, engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”

Putu : “kenopo koq bludreg mbah? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg kuwi opo sih mbah? Iso digawe bungkus lontong tho…?“

simbah : “ya ampuun. ... le.. lee...!! Kok guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “

Simbah : “iyo Simbah stress..!. mumet ndasku ono kowe ngganggu aku nyambut gawe!! “

Putu : “nek nyambut gawe nggolek godhong gedhang marai mumet…, kenopo simbah isih tetep nggolek godhong gedhang??”

Simbah : “wis wis ora usah kakean cangkem!! Saiki minggato, muliho wae kowe.!!!!“

Putu : “iyo mbah, aku muleh wae… simbah ora muleh sisan…??”

Simbah : “oraaa, aku isih akeh gawean “

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “weduss...!!! takok maneh!!!!! nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu : "godhong gedhang gawe opo mbah,.?”

Simbah : “gawe njejeli lambemu...!!!!????

Putu : lha jarene mau gawe bungkus lontong mbah?

Simbah langsung semaput kejet-kejet....😤😒😒😒🤕🤕🤕💀💀💀💀